Dene keterangan bab ringgit ingkang dipun angge ing lampahan bale segala gala, ingkang karaos kirang baku lan awis wontenipun, mila badhe kula terangaken ringgit menapa ingkang kasambut. Kados dene adipati yama widura, tumenggung puracona,prabu baka, patih kalawarsaya, bathara nagaraja, bathari nagagini, randha sudra, begawan ijrapa, resi hirawan.