Text
Pawukon jangkep:
Wuku, puniko kalebet rasi ingkang wigatos wonten ing mangsa, cacahipun wonten 30 nami. ingkang rataksinipun utawi gilir gumatosipun pendhak satunggal wuku dangunipun pitung dinten, kawiwitan ing dinten Minggu dipun pungkasi ing dinten Setu kanthi ajek. satunggal taun tarikh Jawi cacahipun wonten 51 wuku. Buku puniko kamot maneka warnaning babagn Pawukon, ingkang saged ambuka wewados-wewadosipun gesang saho pagesangan ingkang karujukaken wewaton Horoskop Jawi. ingkang tundhonipun, mawas diri, saged langkung ngantos-atos ing tumindhak saha muna muni. Bab-bab inging salebeting buku puniko : Bab I: Carane migunakake Buku. Carane ngngoleki petungane Perabotane Wuku. Bab II: Wuku. Bab III Tumbuke Waktu. Bab IV Riwayat Kedadean Anane Wuku. Bab V. Ngonceki Tegese Wuku. BabVI. Watake manungsa miturut wuku. Bab. VII Wuku lan Guna Paedahe. lan ugo kamot masalah Dina Ala Miturut Petungan Asopan.
Tidak tersedia versi lain